Sony Xperia Z - Kabar

background image

Kabar

Kabar ngandhani sampeyan babagan prastawa kayata pesen anyar lan kabar tanggalan,

uga kagiyatan sing lagi mlaku, misale undhuhan file. Kabar muncul ing panggonan iki:

Garis status

Panel Kabar

Layar kemunci

Mbukak utawa nutup panel Kabar

1

Kanggo mbukak panel Kabar, seret mudhun baris status.

2

Kanggo nutup panel Kabar, seret panel mendhuwur.

Nanggapi kabar saka panel Kabar

Tutul kabar.

Nolak kabar saka panel Kabar

Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Nggedhekake kabar ing panel Kabar

Seret kabar mengisor.

Ora kabeh kabar bisa digedhekake.

Mbusak kabeh kabar saka panel Kabar

Tutul

.

Nanggapi kabar saka layar kunci

Tutul kabar ping pindho.

Nolak kabar saka layar kunci

Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Nggedhekake kabar ing layar kunci

Seret kabar mengisor.

Ora kabeh kabar bisa digedhekake.

Ngatur kabar ing layar kunci

Sampeyan bisa ngatur piranti supaya mung nampilake kabar pilihan ing layar kunci.

Sampeyan bisa ngatur supaya kabeh kabar lan isine bisa diakses, ndhelikake konten

26

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

sensitif kanggo kabeh kabar utawa aplikasi tartamtu, utawa milih ora nampilake kabar

babar blas.

Milih kabar kanggo ditampilake ing layar kunci

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Swara & kabar > Nalika piranti kakunci.

3

Pilih salah siji.

Opsi tampilan kabar ing layar kemunci

Tudhuhake kabeh isi

kabar

Entuk kabeh kabar ing layar kunci. Yen sampeyan nguripake setelan iki, elinga yen

kabeh konten (kalebu konten email lan obrolan sing mlebu) bakal katon ing layar

kemunci kajaba yen sampeyan namtokake aplikasi sing cocog minangka

Sensitif ing

menu setelan

Kabar aplikasi.

Delikake isi kabar

sensitif

Sampeyan kudu nyetel PIN, sandi, utawa pola kanggo layar kemunci supaya setelan

iki bisa dienggo.

Isi didhelikake ditampilake ing layar kemunci yen ana kabar sensitif

sing teka. Misale, sampeyan bakal entuk kabar kanggo email utawa obrolan sing

mlebu, nanging isine ora bakal katon ing layar kemunci.

Aja tudhuhake kabar

blas

Sampeyan ora bakal entuk kabar babar blas ing layar kemunci.

Nyetel tingkat kabar aplikasi

Sampeyan bisa nyetel maneka tumindak kabar kanggo saben aplikasi. Misale, sampeyan

bisa mblokir kabeh kabar email, ngutamakake kabar Facebook™, lan ngatur supaya isi

kabar olahpesen katon ing layar kunci.

Nyetel tingkat kabar aplikasi

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Swara & kabar > Kabar aplikasi.

3

Pilih aplikasi sing arep digenti setelan kabare.

4

Seret panggesere menyang tengen.

Tingkat lan opsi kabar kanggo aplikasi tartamtu

Blokir

Aja nuduhake kabar kanggo aplikasi sing dipilih.

Prioritas Kabar tingkat prioritas muncul ing layar kunci ing ndhuwure kabeh kabar.

Sensitif Opsi iki mung kasedhiya yen sampeyan nyetel PIN, sandhi, utawa pola minangka kunci layar lan

milih

Tudhuhake kabeh isi kabar ing ngisore setelan Nalika piranti kakunci. Kabar kanggo aplikasi

kasebut muncul ing layar kemunci nanging isine ora katon.

Lampu kabar

Lampu kabar nuduhake sampeyan babagan status baterei lan prastawa liyane.

Umpamane lampu putih kelip-kelip tegese ana pesen anyar utawa telpon ora kejawab.

Lampu kabar diaktifake kanthi gawan nanging bisa dipateni kanthi manual.

Yen dipateni, lampu kabar mung murup yen ana peringatan status baterai, misale, yen tingkat

baterei ing ngisore 15 persen.

Ngaktifake lampu kabar

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Swara & kabar.

3

Seret panggeser ing jejere

Lampu kabar menyang tengen.

27

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.