Sony Xperia Z - Ngisi daya piranti

background image

Ngisi daya piranti

Piranti sampeyan duwe baterei sing bisa diisi sing kudu diganti karo Sony utawa pusat

reparasi Sony sing resmi. Sampeyan aja nyoba mbukak utawa mbongkar dhewe piranti

iki. Yen dibukak, piranti iki bakal rusak lan garansi sampeyan bakal batal.
Baterei diisi sebagean naliko piranti dikirim saka pabrik. Gumantung saka suwene piranti

ing njero kotak sadurunge sampeyan tuku, daya baterei isa uga kari sethithik. Menawa

daya kari sethithik, disaranake sampeyan ngisi daya baterei paling sethithik 30 menit

sadurunge nguripake piranti nalika kaping pisanan. Sampeyan isih bisa nggunakake

11

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

pirantinalika diisi daya. Waca luwih lengkap babagan cara ngapiki kinerja baterei ing

Baterei lan pangaturan daya

ing kaca 24 .

Ngisi daya piranti

1

Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2

Tancepake kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing

komputer).

3

Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port micro USB ing piranti, kanthi

simbol USB madhep munggah. Lampu kabar murup nalika pangisian daya

diwiwiti.

4

Sawise daya piranti diisi kebak, jabut kabel USB saka piranti kanthi narik metu. Aja

nganti nekuk konektor.

Yen baterei kosong, perlu sawetara menit sadurunge lampu kabar murup lan lambang ngisi

daya muncul.

Status lampu kabar baterei

Ijo

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih luwih dhuwur saka 90%

Abang

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 15%

Oranye

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 90%