Sony Xperia Z - Nampa telpon

background image

Nampa telpon

Yen sampeyan nampa telpon mlebu nalika piranti ing mode ngaso utawa layar dikunci,

aplikasi telpon mbukak ing format layar wutuh. Yen sampeyan nampa telpon mlebu

nalika layar aktif, telpon mlebu ditampilake minangka kabar ngawang, yaiku ing jendhela

cilik sing ngawang ing sisih ndhuwure layar apa wae sing lagi mbukak. Yen ana kabar iki,

sampeyan bisa milih njawab telpon lan mbukak layar aplikasi telpon, utawa nolak telpon

lan tansah mbukak layar saiki.

Njawab telpon mlebu nalika layar ora aktif

Seret nengen.

Njawab telpon mlebu nalika layar aktif

Ing kabar ngawang sing muncul ing sisih ndhuwur layar, tutul

JAWAB.

Tinimbang njawab telpon, sampeyan bisa mbukak layar telpon utama kanthi nutul sisih

ndhuwur jendhela kabar sing ngambang. Nganggo cara iki, ana luwih akeh cara kanggo

ngatur panggilan telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpom karo pesen.

Nolak telpon mlebu nalika layar ora aktif

Seret ngiwa.

Nolak telpon mlebu nalika layar aktif

Ing kabar ngawang sing muncul ing sisih ndhuwur layar, tutul

TOLAK.

Tinimbang nolak telpon, sampeyan bisa mbukak layar telpon utama kanthi nutul sisih ndhuwur

jendhela kabar sing ngambang. Nganggo cara iki, ana luwih akeh cara kanggo ngatur

panggilan telpon. Contone, sampeyan bisa mutusake nolak telpom karo pesen.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Nolak telpon nganggo sms

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo sms Nalika nolak telpon nganggo sms kaya

mengkono, pesen dikirim otomatis menyang panelpon lan disimpen ing obrolan

Olahpesen karo kontak kasebut.
Sampeyan bisa milih saka pirang-pirang sms sing wis disetel saka piranti, utawa bisa

nggawe dhewe sing anyar. Sampeyan uga bisa nggawe sms pribadhi kanthi ngowahi

saka sing ana ing setelan.

61

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nolak telpon nganggo pesen sms

1

Nalika ana telpon mlebu, seret munggah

Tolak nganggo pesen.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.

Nolak telpon liya sajroning telpon nganggo pesen sms

1

Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, seret

Tolak nganggo pesen

munggah.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.

Ngowahi sms sing digunakake kanggo nolak telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temoakke banjur tutul

Setelan > Telpon > Tolak telpon nganggo pesen.

3

Tutul pesen sing arep diowahi, banjur owahi saperlune.

4

Tutul

OK.